• Posted by : Hermanto Jumat, 05 April 2013

    ini adalah artikel bahasa jawa karangan saya sendiri, saya adalah hermanto kelas 2 SMP negri 4 temanggung alamat saya di desa gilingsari kabupaten temanggung jawa tengah

    Jaman saiki jarena jaman edan, sing ra edan ora keduman. keduman opo ndisik ! nek miturute aku keduman telek pitik mambune badeg. lah piye? masalahe wong iku nek wes kentir ora eling opo-opo. Banjur pakanane sak karepe dewek. watu dipangan, aspal dipangan, kabel listrik dipangan, sak bathang-bathange tikus melu dipangan. mergane wong iku nek wes uripe sak geleme dewek wes ora eling marang sing Kuwoso bakalan ciloko, halal haram ora diperdulikno, akibate uripe ketulo-tulo. gakno yo poro bocah-bocah ambokno saiki jamane edan tapi dewek ojo melu-melu edan. masalahe nek edan wes podho ora eling karo urip neng akherat. tumindak nang donya sak geleme dewek. karo konco gelut, karo wong tuwo durhoko, karo sing kuwoso ora gelem ngibadah, hawane mung dolan, pacaran, tawuran karo gawe masalah nang masyarakat. iku gambarane bocah sekolah sing wes edan pikirane, waras awake tapi kenthir jiwane. uripe wes ora kejamin slamet nek wes ngono. sekolahe bodo, golek gawean angel, rep mangan opo, nek duwe bojo anane mung gelut wae ! anake banjur dadi korbane, misakake to !. gakno dadi bocah ki sing waras ojo melu-melu jamane sing wes edan, ben dadi manungso ingkang migunani kanggo nusa bangsa lan agama. ben uripe slamet donya slamet akhirat. sabar setitik dadi pelajar, ben besuk tuwane dadi wong sing mulyo".
    wes sakmene bae pengalamanku kanggo poro konco-konco. besuk terusake maneh . salam dari aku. Hermanto bocah SMP N 4 Temanggung, sing manggone nang desa gilingsari :)) wassalam.

    Leave a Reply

    Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

  • - Copyright © Anime Watch And Download Lengkap - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -